Rabu, 24 November 2010

Lirik Kopi Lampung campursari


LAGUNE UENAK KOYOK KOPI DI PAGI HARI>>>>>>>>>>>>

SRUPUUUUUUUUUUUUUUUUUUT>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>



Secangkir wedang kopi,

kopi Lampung, niku kopi asli,

gula batu napa gula tebu,

srupat sruput ing wanci dalu.

Wancine udan grimis,

saya wangi ya saya ngriwis,

grimis kok ya ora uwis-uwis,

banjur kelingan kowe wong manis.


Merak-Bakahuni,

numpak kapal, kapale feri.

Adoh-adoh kowe tak-parani,

muga-muga kowe 'ra lali.


Merak-Bakahuni

numpak kapal, kapale feri.

Aku cinta setengah mati,

kelingan yen ngudhak kopi.


Ngombe wedang, wedange kopi,

Nggelar klasa ing wayah wengi.

Aku cinta setengah mati,

kelingan yen ngudhak kopi.


Secangkir wedang kopi,

kopi Lampung, niku kopi asli,

gula batu napa gula tebu,

srupat sruput ing wanci telu.


Wancine udan grimis,

saya wangi ya saya ngriwis,

grimis kok ya ora uwis-uwis,

terus kelingan kowe wong manis.

1 komentar: